Selasa, 25 Februari 2014

Duawet Gempol




Dawet. Iku jenenge panganan seng enak. Diarani panganan yo mergane isine panganan, kyok cendol, kadang yo ono tape ne, seng teko pohong di kei ragi koyo gae tempe. Kadang isine yo ketan, enek ketan biasa seng koyok beras (beras ketan), yo enek ketan ireng, lan laen-laen ne. Tapi ngunu, yo iso di arani ombean, soale kuahe akeh. Koyok es campur isi buah-buahan. Kuahe iki biasae gae banyu santen terus dikei banyu gulo aren, kadang yo enek seng dikei banyu setrup.
Inthing inthing es
Abang-abang setrup
Seng moco rembes
Gorong raup :-D
Enek dawet jenenge dawet ayu ken dedes. Nah dawet iki ndek gerobake ditulis dawet ayu ken dedes asli malang. Mbuh yo, tapi iku seng dodol mosok yo asli malang toh ?. iku soal jeneng ae lho.
Dawet ayu ken dedes iki isine cendol, cendole iki wernoe putih tulang, kadang yo enek seng ijo, tapi enek pisan cendol seng wernoe rodo-rodo bening.  Wes cuman iku tog isi seng kenek dim amah lambe ( kadang uwong seng mangan dawet iki langsung ngelek lho, dadi gak dim amah sek ). Nek soal kuahe, iku yo mesti teko santen terus dikei gulo aren cair, gae nambahi roso legi. Aku pernah tuku dawet iki, pas waktu aku balek ndek omah,walah…aku malah watuk ee…iku kerono pemanise. Biasae enek seng dikei pemanis buatan, tapi yo enek pisan seng teko gulo aren, gulo tebu seng dimasak karo banyu towo. Cekno rosoe manis jeh.
Yo meskipun tiap uwong seng dodolan dawet iki, bedo-bedo lho, tapi roto-roto yo isine mbek rasane podo.  
Nah yo, mbiyen sek aku SMA, pas ngekos aku pernah tuku dawet ayu ken dedes, seng dodolan sek arek, tapi yo lebih tuek an teko aku. Nek dodolan, gerobake disurung keliling perumahan jawa 2, tapi yo teko endi-endi.
Dawet e iku enak tapi, gak garai watuk. Menehe isine gak cumin cendol, tapi enek jenang grendul. Iku lho jenang seng enek bunder-bunder rasae manis. Nah, enak iku rasane.  Murah nek mbiyen, regone rong ewu mangatus. Makane aku kaget pas dawet ayu ken dedes iki booming, pas tuku tibake gag enek jenang grendule. Wahh… evolusine elek tibake. Hahahaha…
Enek neh dawet seng sampek saiki aku senengi. Jenenge dawet gempol. Mbiyen sek cilik an ku regone murah. Limangatus repes. Seng dodol iku enek loro, sijine jenenge pak Sabar, sijine aku gag eroh jenenge. Nah seng dawete pak Sabar iki laris. Biasae pak Sabar lewat ngarepan omahku sekitaran jam 10 awan. Meh bendino aku tuku dawet gempole pak Sabar. Regone murah, rasae yo enak. Kadang dikei bonus gempol loro karo pak Sabar.
Ngerti gempol ? aku gag eroh bahane teko opo, soale gag pernah takok piye gawene, ndek bagian ngisor aku kei gambare kok.
Mesti kok aku mbek tonggoku, podo-podo arek cilike mesti njalok ditukokno dawet gempole pak sabar, yo kadang seng tuek kepengen pisan mergo anake tuku. ( wong tuek kok pengenane koyok arek cilik yo ? hehehe). Nahh.. pernah pisan dawete pak Sabar iki digosipno dicampur karo ilere pak Sabar dewe. Sak elengku, pak sabar iku diarani nduwe penyakit ayan, nah dawete iku dicampuri ilere  seng netes bendino, makane rasae enak. Yo iku sak elenge aku cerito mbiyen, wong waktu iku aku sek Tk, gorong SD. 
Tk nol besar aku wes pindah omah, yo cuman pindah gang tog, tapi ndek omahku seng anyar iki, gange lebih cilik daripada gang omahku seng lawas. Terus pak sabar yo gag lewat ngarepan omahku seng anyar. Suwe-suwe aku yo gag tau mangan dawet gempol meneh.
***
Waktu iku, aku wes kuliah. Mulai SMA aku wes ngekos di Jember, dadine jarang balek ndek omah. Pas kapanane, entok setahunan, pas aku balek, aku baru ngeh nek dipasar Ambulu iku enek seng dodolan dawet gempol. Akhire aku mampir mrunu, wihh..eleng dawet gempole pak Sabar. Pas aku eleng-eleng, seng dodolan iku tibake uwong seng mbiyen pernah dodolan dawet gempol pisan, tunggale pak sabar seng aku gag eroh jenenge.
Mbiyen iku, pak iki yo mesti lewat ngarepan omahku seng lawas, cuma jarang enek seng gelem tuku polae wonge gag grapyak, yo gag enek bonus gempole. Tapi akhire wong iki seng sek tetep bertahan sampek saiki dodolan dawet gempol.

Iki lho potoe dawet gempol.
 
Isine iki enek cendol, ( koyoke cendol iki syarat utama sebuah dawet deh.. ), terus ketan, iku wernoe ijo, nah seng putih gede iku mangkok. Hahaha… yo nek gag gae mangkok gae opo yo ? :-D
Hehe.. ya iku wes, seng mbunder, seng ditutupi ketan mbek cendol iku jenenge gempol. Enak lho rasane, pancen gag manis, tapi komposisi dawete iki seng garai gempole enak. mangan gempole tog iku koyok mangan ketan, rodo atos, tapi nek enek kuahe dadi rodo empuk. Regone iki rong ewu mangatus. REPES !. iku wes garai wareg, kadang yo garai pengen maneh.
Nek ndek Jember, aku gag pernah nemoni enek seng dodolan dawet gempol. Makane nek aku pas balek, sak durung mampir omah, pasti mampir sek tuku dawet gempol. Dipangan utowo diombe ndek panggone.
Nek pengen tuku, panggone iki ndek ngarepe pasar Ambulu sisi etan, pas ndek ngarepe pintu masuk. Wes ojo titip aku nek pengen nyoba, soale nek dibungkus suwe, rasae gag enak malahan, soale gempole iku dadi ajur. Terus rasane rodo anyep soale es.e caer.


Nahh..sementara aku nulis iki sek, laene aku tulis meneh kapan-kapan. Iki lagi berburu kuliner.