Dawet. Iku
jenenge panganan seng enak. Diarani panganan yo mergane isine panganan, kyok
cendol, kadang yo ono tape ne, seng teko pohong di kei ragi koyo gae tempe.
Kadang isine yo ketan, enek ketan biasa seng koyok beras (beras ketan), yo enek
ketan ireng, lan laen-laen ne. Tapi ngunu, yo iso di arani ombean, soale kuahe
akeh. Koyok es campur isi buah-buahan. Kuahe iki biasae gae banyu santen terus
dikei banyu gulo aren, kadang yo enek seng dikei banyu setrup.
Inthing
inthing es
Abang-abang
setrup
Seng
moco rembes
Gorong
raup :-D
Enek dawet
jenenge dawet ayu ken dedes. Nah dawet iki ndek gerobake ditulis dawet ayu ken
dedes asli malang. Mbuh yo, tapi iku seng dodol mosok yo asli malang toh ?. iku
soal jeneng ae lho.
Dawet ayu
ken dedes iki isine cendol, cendole iki wernoe putih tulang, kadang yo enek
seng ijo, tapi enek pisan cendol seng wernoe rodo-rodo bening. Wes cuman iku tog isi seng kenek dim amah
lambe ( kadang uwong seng mangan dawet iki langsung ngelek lho, dadi gak dim
amah sek ). Nek soal kuahe, iku yo mesti teko santen terus dikei gulo aren
cair, gae nambahi roso legi. Aku pernah tuku dawet iki, pas waktu aku balek
ndek omah,walah…aku malah watuk ee…iku kerono pemanise. Biasae enek seng dikei
pemanis buatan, tapi yo enek pisan seng teko gulo aren, gulo tebu seng dimasak
karo banyu towo. Cekno rosoe manis jeh.
Yo meskipun
tiap uwong seng dodolan dawet iki, bedo-bedo lho, tapi roto-roto yo isine mbek
rasane podo.
Nah yo,
mbiyen sek aku SMA, pas ngekos aku pernah tuku dawet ayu ken dedes, seng dodolan
sek arek, tapi yo lebih tuek an teko aku. Nek dodolan, gerobake disurung
keliling perumahan jawa 2, tapi yo teko endi-endi.
Dawet e iku
enak tapi, gak garai watuk. Menehe isine gak cumin cendol, tapi enek jenang
grendul. Iku lho jenang seng enek bunder-bunder rasae manis. Nah, enak iku
rasane. Murah nek mbiyen, regone rong
ewu mangatus. Makane aku kaget pas dawet ayu ken dedes iki booming, pas tuku
tibake gag enek jenang grendule. Wahh… evolusine elek tibake. Hahahaha…
Enek neh
dawet seng sampek saiki aku senengi. Jenenge dawet gempol. Mbiyen sek cilik an
ku regone murah. Limangatus repes. Seng dodol iku enek loro, sijine jenenge pak
Sabar, sijine aku gag eroh jenenge. Nah seng dawete pak Sabar iki laris. Biasae
pak Sabar lewat ngarepan omahku sekitaran jam 10 awan. Meh bendino aku tuku
dawet gempole pak Sabar. Regone murah, rasae yo enak. Kadang dikei bonus gempol
loro karo pak Sabar.
Ngerti
gempol ? aku gag eroh bahane teko opo, soale gag pernah takok piye gawene, ndek
bagian ngisor aku kei gambare kok.
Mesti kok
aku mbek tonggoku, podo-podo arek cilike mesti njalok ditukokno dawet gempole
pak sabar, yo kadang seng tuek kepengen pisan mergo anake tuku. ( wong tuek kok
pengenane koyok arek cilik yo ? hehehe). Nahh.. pernah pisan dawete pak Sabar
iki digosipno dicampur karo ilere pak Sabar dewe. Sak elengku, pak sabar iku
diarani nduwe penyakit ayan, nah dawete iku dicampuri ilere seng netes bendino, makane rasae enak. Yo iku
sak elenge aku cerito mbiyen, wong waktu iku aku sek Tk, gorong SD.
Tk nol besar
aku wes pindah omah, yo cuman pindah gang tog, tapi ndek omahku seng anyar iki,
gange lebih cilik daripada gang omahku seng lawas. Terus pak sabar yo gag lewat
ngarepan omahku seng anyar. Suwe-suwe aku yo gag tau mangan dawet gempol meneh.
***
Waktu iku,
aku wes kuliah. Mulai SMA aku wes ngekos di Jember, dadine jarang balek ndek
omah. Pas kapanane, entok setahunan, pas aku balek, aku baru ngeh nek dipasar Ambulu
iku enek seng dodolan dawet gempol. Akhire aku mampir mrunu, wihh..eleng dawet
gempole pak Sabar. Pas aku eleng-eleng, seng dodolan iku tibake uwong seng
mbiyen pernah dodolan dawet gempol pisan, tunggale pak sabar seng aku gag eroh
jenenge.
Mbiyen iku,
pak iki yo mesti lewat ngarepan omahku seng lawas, cuma jarang enek seng gelem
tuku polae wonge gag grapyak, yo gag enek bonus gempole. Tapi akhire wong iki
seng sek tetep bertahan sampek saiki dodolan dawet gempol.
Iki lho
potoe dawet gempol.
Isine iki
enek cendol, ( koyoke cendol iki syarat utama sebuah dawet deh.. ), terus
ketan, iku wernoe ijo, nah seng putih gede iku mangkok. Hahaha… yo nek gag gae
mangkok gae opo yo ? :-D
Hehe.. ya
iku wes, seng mbunder, seng ditutupi ketan mbek cendol iku jenenge gempol. Enak
lho rasane, pancen gag manis, tapi komposisi dawete iki seng garai gempole enak.
mangan gempole tog iku koyok mangan ketan, rodo atos, tapi nek enek kuahe dadi
rodo empuk. Regone iki rong ewu mangatus. REPES !. iku wes garai wareg, kadang
yo garai pengen maneh.
Nek ndek Jember,
aku gag pernah nemoni enek seng dodolan dawet gempol. Makane nek aku pas balek,
sak durung mampir omah, pasti mampir sek tuku dawet gempol. Dipangan utowo
diombe ndek panggone.
Nek pengen
tuku, panggone iki ndek ngarepe pasar Ambulu sisi etan, pas ndek ngarepe pintu
masuk. Wes ojo titip aku nek pengen nyoba, soale nek dibungkus suwe, rasae gag
enak malahan, soale gempole iku dadi ajur. Terus rasane rodo anyep soale es.e
caer.
Nahh..sementara aku nulis iki sek, laene aku tulis meneh kapan-kapan. Iki lagi
berburu kuliner.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar